Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira iku Sunangkat dadi Allah tumrap Pringon, lan Harun kakangira, iku bakal dadi nabinira.
Wong akeh tumuli mangsuli: “Pamireng kula saking angger-anggering Toret, Sang Kristus punika badhe tetep gesang ing salami-laminipun; kadospundi dene Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa pinasthi kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?”
Nanging kang mangkono iku supaya kayektenana pangandika kang katulisan ing kitab Toret surasane: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.
Ing angger-anggering Toret ana tulisan mangkene: “Ingsun bakal mangandikani bangsa iki lumantar wong kang basane seje, sarta lumantar lambene wong manca; ewasamono bangsa iku ora bakal ngrungokake marang Ingsun, mangkono pangandikane Pangeran.”