Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Punapa ingkang badhe kawula tandukaken dhateng bangsa punika? Sakedhap malih kawula temtu dipun benturi sela!”
supaya kowe padha katempuhna wutahing getihe wong kang ora salah wiwit saka Abil wong kang mursid iku, nganti tekan Zakharia anake Berekhya, kang kokpateni ana ing antarane papan suci lan misbyah.
Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”
Ing kono wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengane lan padha munjuk: “Ngantos pinten dangunipun anggen Panjenengan damel mangu-mangunipun manah kula? Manawi Panjenengan punika Sang Kristus, Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya.”
Pangandikane Gusti Yesus: “Wus akeh panggawe utama kang saka RamaKu kang Daktuduhake marang kowe. Panggawe iku mau endi kang dadi jalarane kowe arep padha mbenturi watu marang Aku?”
Kang iku wong Yahudi mundhak nemen maneh pangarahe nyedani Gusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerak Sabat bae, nanging uga marga mastani yen Gusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadi sarirane dipadhakake Gusti Allah.
Nabi-nabi punika pundi ingkang boten dipun kaniaya dening leluhur sampeyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Sunyata, ingkang sapunika sampun sampeyan cidra lan sampeyan sedani.
Lan Sang Dawud wis kepepet banget, amarga balane wis padha rasanan arep mbenturi watu. Wong kabeh padha susah banget atine, jalaran saka bojone lan anake lanang-wadon. Nanging Sang Dawud nyantosakake piandele marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.