Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 10:26 - Kitab Sutji

26 nanging kowe padha ora pracaya, amarga kowe dudu panunggalane wedhus-wedhusKu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 10:26
10 Iomraidhean Croise  

Wedhus-wedhusKu padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku,


Manawa wedhuse iku wus diwetokake kabeh, dheweke lumaku ing ngarep lan wedhuse padha ngetut-buri, marga wedhus-wedhus mau niteni swarane.


Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik.


Panjenengane banjur ngandika: “Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: Ora ana wong kang bisa marani Aku kajaba manawa wus kaparingan wewenang saka Sang Rama.”


Wong kang wijile saka Allah iku mesthi ngrungokake pangandikaning Allah. Mulane kowe ora padha ngrungokake, awit asalmu iku ora saka ing Allah.”


Aku iki padha saka ing Allah; wong kang wanuh marang Gusti Allah, iku ngrungokake marang aku. Wong kang asale ora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokake marang aku. Iya mangkono iku titikane Roh kayekten karo roh panasaran.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan