Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 10:24 - Kitab Sutji

24 Ing kono wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengane lan padha munjuk: “Ngantos pinten dangunipun anggen Panjenengan damel mangu-mangunipun manah kula? Manawi Panjenengan punika Sang Kristus, Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 10:24
13 Iomraidhean Croise  

Nabi Elia banjur nyelaki rakyat kabeh lan ngandika: “Isih pira suwene anggonmu padha laku dhengkling lan mangro tingal iku? Manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, iku etut burinen, dene manawa Baal, iku etut burinen.” Nanging rakyat ora ngaturi wangsulan sanadyan mung sakecap bae.


banjur ngutus sakabate ndikakake munjuk marang Panjenengane mangkene: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanesipun?”


Bab iki dipangandikakake kanthi ngeblak. Nanging Petrus banjur nggered minggir Gusti Yesus lan ngaturi pepenget Panjenengane.


Nanging sarehne wong akeh padha nganti-anti lan padha nggagas, apa baya iki Sang Kristus,


Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”


Wong Yahudi tumuli njupuki watu maneh, arep kanggo mbenturi Panjenengane.


Wangsulane wong-wong Yahudi: “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah.”


PituturKu marang kowe iku mau kabeh adhapur pasemon. Bakal ana wektune anggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemon maneh, nanging sabarese bae anggonKu martani kowe mungguh Sang Rama.


Ing kono pangucape wong-wong mau: “Panjenengan punika sinten?” Pangandikane Gusti Yesus: “Apa gunane rembugan maneh karo kowe kabeh?


Kowe apa ngungkuli leluhurku Rama Abraham kang wus seda! Para nabi iya padha seda. Kowe iku ngaku-aku sapa ta?”


Ature wong tuwane kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakal disebratake.


Sarehne aku padha duwe pangarep-arep kang kaya mangkono, mulane aku padha tumindak kanthi kebak ing kakendelan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan