Minangka kurban slametan marang Sang Yehuwah, Sang Prabu Suleman nyaosake sapi rolikur ewu lan wedhus satus rongpuluh ewu. Kaya mangkono Sang Prabu lan wong Israel kabeh anggone ngresmekake padalemane Sang Yehuwah mau.
Minangka kurban sembelehan Sang Prabu Suleman nyaosake sapi rolikur ewu lan wedhus satus rong puluh ewu. Kaya mangkono anggone Sang Prabu lan wong sabangsa kabeh padha ngresmekake padalemaning Allah.
Wong Israel, para imam lan para wong Lewi tuwin wong liyane kang padha bali saka ing pambuwangan, banjur padha mahargya anggone ngresmekake padalemane Gusti Allah iku kalawan bungah-bungah.