Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 10:2 - Kitab Sutji

2 balik kang lumebune metu ing lawang, iku pangone wedhus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 10:2
25 Iomraidhean Croise  

Masmur anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.


Kanggo lurah pasindhen, lagune kaya kidung: Kembang Bakung. Paseksene Asaf. Masmur.


Tembung-tembunge wong wicaksana iku kayadene kawat eri lan keklumpukane tulisane kaya paku-paku kang tumancep, pawewehe sawijining pangon.


Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.


Nunten sami kengetan dhateng jaman kina, jamanipun Nabi Musa, abdinipun punika: Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngentas saking seganten sesarengan kaliyan pangening menda-mendanipun? Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngesokaken Rohipun ingkang suci wonten ing manahipun;


Ingsun bakal ngangkat sawijining pangon kanggo wedhus-wedhus iku, kang bakal ngengon, yaiku abdiningSun Dawud; iku kang bakal ngengon lan dadi pangone.


Iku bakal padha nyukur nagara Asyur kalawan pedhang, lan nagarane Nimrod srana pedhang ligan, sarta bakal nguwalake kita saka ing Asyur samangsa dheweke lumebu ing tanah kita sarta ngambah ing tlatah kita.


Rungokna, para pangon padha sesambat, marga kang dadi kasenengane wus karusak. Rungokna, singa-singa padha nggero, awit kaendahane bengawan Yarden wus sira.


Wong kang tuku padha nyembeleh, lan ora rumangsa luput, dene kang ngedol padha ngucap: Pinujia Pangeran Yehuwah! Aku wus dadi sugih! Dene para pangone dhewe ora padha welas.


Sajroning sesasi aku numpes pangone telu. Atiku banjur mangkel banget marang wedhus-wedhuse, sarta wedhus-wedhuse iya padha bosen marang aku.


“He pedhang! Sira nempuha abdiningSun juru pangon, wong kang raket banget kalawan Ingsun!” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. “Juru pangon iku patenana, temahan wedhuse banjur padha buyar, sarta Ingsun bakal ngagem astaningSun Sunagem nglawan marang kang ringkih,


“Padha ngrungokna lan mangretia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong.”


Aku iki pangon kang utama sarta Aku niteni kang dadi wedhus-wedhusKu lan wedhus-wedhusKu padha wanuh marang Aku


Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Iya Aku iki lawange wedhus-wedhus iku.


Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan.


Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.


Aja nglirwakake kawajibanmu migunakake sih-rahmat kang ana ing kowe, kang wus kaparingake marang kowe sarana pamedhar-wangsit lan sarana tumpangan tangan dening parepataning para pinituwa.


Mulane kowe daktingal ana ing pulo Kreta iku, supaya kowe mranata apa-apa kang isih prelu ditata sarta supaya kowe ngangkata pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wus dakprentahake marang kowe,


Dene Gusti Allahing tentrem-rahayu kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wus ngentasake saka ing antarane wong mati. Pangene sakabehing wedhus kang pinunjul, iya iku Gusti Yesus, Gusti kita,


Awitdene dhek biyen kowe padha kesasar kaya wedhus, nanging saiki wis padha bali marang pangon sarta pamomonging nyawamu.


Besuk manawa Sang Pangon Agung rawuh, kowe bakal padha nampani makuthaning kamulyan kan ora bisa alum.


Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan