16 Aku isih duwe wedhus liyane maneh, kang ora saka ing kandhang kene; wedhus-wedhus iku iya prelu Dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokake swaraKu sarta bakal dadi pepanthan siji, pangon siji.
Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.
Dhuh Pangeran, sakathahipun bangsa, ingkang Paduka titahaken, sami badhe sowan sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka, saha badhe ngluhuraken asma Paduka.
Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.
Ingsun bakal ngandika marang lor: ‘Wenehna!’ lan marang kidul: ‘Aja sira gondheli!’ Para putraningSun kakung sira gawanana saka ing adoh, tuwin para putraningSun putri saka ing poncot-poncoting bumi,
“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”
Pangeran Yehuwah wus ngatingalake astane kang suci ana ing ngarepe mripate sakehing bangsa; poncot-poncoting bumi kabeh banjur sumurup karahayon kang pinangkane saka ing Allah kita.
Mangkene pangandikane Pangeran Allah kang nglempakake para wong Israel kang kabuwang: Ingsun bakal nglempakake wong maneh Sunwewahake marang para wong kang wus padha tetunggalan.”
Kaya pangon kang nggoleki wedhuse kang pisah karo pepanthane mangkono anggoningSun bakal ngupadosi wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunluwari saka ing sakehing panggonan anggone padha kaulungake nalika dinane mendhung lan peteng.
Ingsun bakal ngangkat sawijining pangon kanggo wedhus-wedhus iku, kang bakal ngengon, yaiku abdiningSun Dawud; iku kang bakal ngengon lan dadi pangone.
lan padha kesasar ana ing sakehing gunung lan ing sakehing tengger kang dhuwur-dhuwur, malah ana ing saindenging tanah kono wedhusingSun anggone padha buyar, ora ana wong siji-sijia kang mreduli utawa nggoleki.
bakal Sundadekake bangsa siji ana ing tanahe, ana ing gunung-gununge Israel, tuwin raja siji kang bakal ngereh wong iku kabeh; banjur ora dadi bangsa loro maneh lan ora kabage dadi rong karajan maneh,
AbdiningSun Dawud kang bakal dadi rajane lan wong-wong mau kabeh bakal mung duwe pangon siji sarta lakune bakal manut miturut ing pranatan-pranataningSun lan bakal padha nglakoni katetepaningSun kalawan setya.
Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”
Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen Pangeran Yehuwah kang ngutus aku.
Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”
“Utawa endi ana wong wadon duwe dhuwit dirham sapuluh, mangka ilang siji, kok ora banjur nyumed damar lan nyaponi omahe, nggoleki njlimet nganti saketemune?
Iku kang diwengani dening kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhuse padha nilingake swarane lan dheweke tumuli ngundangi wedhus-wedhuse manut jenenge dhewe-dhewe sarta banjur digiring metu.
Lan boten namung kangge tiyang-tiyang punika kemawon anggen Kawula ndedonga, nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula margi saking piwulangipun,
Sadherek Simon mentas nyariyosaken, bilih wiwit-wiwitan mila Gusti Allah sampun ngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punika anggenipun milih satunggaling bangsa saking antawisipun bangsa-bangsa sanes wau kagem asmanipun.
Piyambakipun lajeng wicanten: Allahe leluhur kita wus netepake kowe supaya nyumurupi karsane, nyumurupi Kang Bener sarta krungu swara kang miyos saka ing lesane.
Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe, karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki: Bangsa Israel iku salong padha mangkotake atine nganti lumebune bangsa-bangsa liyane saganepe.
Nanging aku kudu padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur, kang kinasihan ing Pangeran, amarga Gusti Allah wiwit sakawit wis milih kowe kabeh supaya slamet ana ing sajroning Roh, kang nucekake kowe lan ana ing sajroning kayekten kang wis padha kokandhemi.
Dene Gusti Allahing tentrem-rahayu kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wus ngentasake saka ing antarane wong mati. Pangene sakabehing wedhus kang pinunjul, iya iku Gusti Yesus, Gusti kita,
Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; manawa ana wong kang krungu suwaraningSun lan ngengani lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi lan bujana bebarengan karo wong iku lan wong iku karo Ingsun.