YOKANAN 10:15 - Kitab Sutji15 kayadene Sang Rama anggone tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohake nyawaKu kanggo wedhus-wedhusKu. Faic an caibideil |
Sawuse sawidak loro kaping pitung mangsa iku, kang wus jinebadan mau bakal kasingkirake, mangka ora ana kaluputane apa-apa. Kutha lan pasucen bakal kasirnakake dening balaning sawijine ratu kang bakal teka, nanging ratu mau bakal tiwas kabanjiran; sarta maneh ngnati tekan ing wekasaning jaman bakal ana peperangan lan karusakan, cundhuk karo apa kang wus katetepake.
Ing nalika iku Gusti Yesus sukarena ing sajroning panggalih banjur matur: “Dhuh, Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken genging panuwun, dene prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap para winasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare alit. Inggih, Rama, Kawula saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene punika ingkang dados keparenging panggalih Paduka.