nanging mungguh buruh kang dudu pangon sarta dudu kang duwe wedhus-wedhus iku dhewe, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhuse ditinggal mlayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyarake wedhuse.
Wong iku kabeh banjur nyekel Sostenes, lelurahe papan pangibadah, lan digebugi ana ing ngarsane pangadilan, nanging Sang Galio babar pisan ora mreduli bab iku.
Kang dakkarepake, supaya kowe padha urip tanpa was-sumelang. Wong lanang kang ora sesomahan, ngelengake kang mungguh ing Gusti, kapriye murih dadi keparenge Gusti.