Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 10:1 - Kitab Sutji

1 “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sapa kang mlebu ing kandhang wedhus ora metu ing lawang, nanging menek ing tembok, iku maling utawa rampog;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 10:1
28 Iomraidhean Croise  

Mulane pangandikane Sang Yehuwah tumrap para nabi kang padha meca demi asmaningSun, – mangka Ingsun ora ngutus wong-wong iku, lan kang kandha: Ing kene ora bakal ketekan perang lan pailan –: Para nabi iku dhewe kang bakal tumpes dening perang lan pailan!


“Ingsun ora ngutus para nabi iku, ewadene padha mempeng, Ingsun ora paring pangandika marang para wong iku, ewadene padha memeca.


Lah, Ingsun bakal nglawan para nabi, kang medharake impene kang goroh, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah; – lan kang padha ngandhakake iku lan nasarake umatingSun kalawan anggone goroh lan umuk. Ingsun iki ora tau ngutus lan dhawuh marang para wong iku. Wong-wong iku ora ana gunane babar pisan tumrap bangsa iki. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Banjur nyerbu menyang ing jero kutha, ngunggahi baluwarti, padha menek lumebu ing omah-omah, lumebune metu ing cendhela kaya maling.


“Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak.


Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Iya Aku iki lawange wedhus-wedhus iku.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.”


Lan kapriye anggone padha bisa aweh pawarta bab Panjenengane, manawa padha ora kautus? Kaya kang katulisan, wiraose: “Iba anggone nyenengake tekane wong kang padha nggawa pawarta becik.”


Sabab wong kang kaya mangkono iku, padha ora leladi marang Sang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetenge dhewe. Lan kanthi tembunge kang muluk-muluk lan basane kang manis, padha nindakake apus krama marang kang padha tulus atine.


Wong-wong kang kaya mangkono iku kudu dibungkem cangkeme, awit iku gawe kisruh brayat akeh kalawan piwulange kang ora patut, supaya oleh kauntungan kang nistha.


Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.


Iya karahayon iku kang wis dititi-priksa sarta ditliti dening para nabi kang padha meca bab sih-rahmat kang kagadhangake marang kowe.


Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.


Sarta marga saka srakahe, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golek kauntungan saka kowe kabeh kanthi dongeng-dongenge kang ngayawara.


Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan