Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 1:9 - Kitab Sutji

9 Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 1:9
15 Iomraidhean Croise  

“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”


“Ngupayaa piwulang lan paseksen!” Sing sapa celathu ora mangkono iku ora kaplethekan bangbang wetan.


Nanging manawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabeh. Dadi manawa pepadhang kang ana ing kowe dadi peteng, saiba ta petenge iku.”


Manawa badanmu sakojur padhang lan ora ana perangane kang peteng, mesthi kabeh dadi padhang, iya kaya yen kowe kena ing soroting damar.”


Sang Sabda kang kadunungan urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa.


Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya.


Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.


“Aku iki wit anggur kang sajati, sarta RamaKu iku kang among tani.


Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang maringi roti marang kowe saka ing swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka swarga marang kowe kabeh.


Sarta ing antarane wong akeh mau keprungu rerasanan bab Panjenengane; ana kang ngucap mangkene: “Iku wong becik.” Liyane maneh: “Ora, iku nasarake wong akeh.”


Saupama kita padha ngaku ora duwe dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan kayekten.


Ewasamono pepakon anyar uga kang dakemot ing layangku marang kowe iki, kang wus sanyata ana ing Panjenengane lan ana ing kowe, amarga pepeteng iku nedhenge sirna, lan pepadhang kang sajati wus sumunar.


Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan