8 Panjenengane iku dudu Sang Padhang piyambak, mung kapatah nekseni bab Sang Pedhang.
Nabi Yokanan ngaken kanthi bares: “Aku iki dudu Sang Kristus.”
Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.
Kowe dhewe padha dadi seksiku anggonku duwe pitutur: Aku iki dudu Sang Mesih, mung kautus lumaku dadi cecala ana ing ngarsane.
Pangandikane Rasul Paulus: “Nabi Yokanan punika anggenipun mbaptis ngangge baptising pamratobat, sarta lajeng ngandika dhateng tiyang kathah, bilih kedah pitados dhateng ingkang rawuhipun ngantuni, inggih punika Gusti Yesus.”