Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 1:46 - Kitab Sutji

46 Pangucape Natanael: “Saka Nasaret apa ana barang kang becik?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 1:46
14 Iomraidhean Croise  

Filipus lan Bartolomeus, Tomas lan Mateus juru-mupubeya, Yakobus anake Alfeus, lan Tadeus,


Satekane ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasaret. Kang mangkono iku supaya kayektenana kang kapangandikakake dening para nabi, yen Gusti Yesus bakal kasebut: wong Nasaret.


Lan maneh yagene kowe padha ora netepake dhewe apa kang bener?


Filipus mau wong saka ing Betsaida, kuthane Andreas lan Petrus.


Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.”


Wong-wong iku padha marani Filipus, kang saka ing Betsaida tanah Galilea, padha calathu marang dheweke: “Kisanak, kula sami kapengin badhe sowan manggihi Gusti Yesus.”


Unjuke Filipus: “Gusti, kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama punika, supados kawula sadaya sami marem.”


“Ayo padha ndelenga, ing kana ana wong kang ngandhakake lelakonku kabeh marang aku. Apa kirane iku Sang Kristus?”


Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha grudugan sowan, banjur ngandika marang Filipus: “Ing ngendi anggon kita arep tuku roti, supaya wong-wong iki bisa mangan?”


Unjuke Filipus: “Roti pangaos kalih atus dinar boten badhe nyekapi kangge tiyang samanten kathahipun punika, sanadyan namung sami kabagean nyakedhik.”


Kancane padha mangsuli: “Panjenengan punapa inggih tiyang Galilea? Sumangga panjenengan priksa ing salebeting Kitab Suci; temah panjenengan badhe uninga bilih boten wonten nabi ingkang rawuh saking tanah Galilea.”


Samubarang kabeh iku titinen, dene kang becik anggonen.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan