Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 1:42 - Kitab Sutji

42 Simon mau tumuli diirid menyang ngarsane Gusti Yesus. Gusti Yesus banjur mandeng Simon sarta ngandika: “Kowe iku Simon anake Yokanan. Kowe bakal dijenengake Kefas (tegese: Petrus).”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 1:42
20 Iomraidhean Croise  

Sang Senapati Naaman banjur sowan marang ing ngarsane gustine lan munjuk: “Makaten rembagipun lare estri ingkang saking nagari Israel punika.”


Dene jenenge para rasul rolas mau mangkene: Kang dhisik Simon kang karan Petrus, lan Andreas sadulure, Yakobus anake Zebedheus, lan Yokanan sadulure,


Wong rolas kang kapiji iku yaiku: Simon, kang banjur kaparingan jeneng Petrus,


Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”


Simon, kang uga diparingi jeneng Petrus, lan Andreas sadulure Simon, Yakobus lan Yokanan, Filipus lan Bartolomeus,


PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.


Ana ing pasisir kono kang padha ngumpul: Simon Petrus lan Tomas kang karan Dhidhimus, Natanael kang saka ing kutha Kana tanah Galilea, anake Zebedheus lan sakabate liyane loro.


Pangandikane Gusti Yesus: “Lungaa, undangen bojomu, tumuli balia mrene!”


Kang dakkarepake iku yaiku siji-sijine panunggalanmu calathu: Aku iki golongane Paulus! Aku golongane Apolos! Aku saka golongane Kefas! Utawa aku golongane Sang Kristus.


apadene Panjenengane wus ngatingal marang Kefas nuli marang para sakabate rolas.


dadia Paulus, dadia Kefas, dadia jagad, dadia urip utawa pati, dadia wektu saiki utawa wektu kang bakal kalakon, iku kabeh darbekmu.


Apa aku ora duwe wewenang ngajak wong wadon Kristen minangka somah ing sajroning lakuku, padha kaya para rasul liyane lan para sadhereke Gusti apadene Kefas?


Sawuse telung taun aku banjur menyang Yerusalem prelu nemoni Kefas, lan aku nginep ing omahe limalas dina.


Nanging nalika Kefas teka ing Antiokhia, tanpa tedheng aling-aling dakpadoni, sabab dheweke luput.


Lan sawuse nyumurupi sih-rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi saka-guruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan, supaya aku maranana marang wong-wong kang ora tetak, lan dheweke padha marang para wong tetakan;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan