Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 1:38 - Kitab Sutji

38 Gusti Yesus tumuli noleh mirsa yen sakabat mau padha ndherekake, banjur didangu: “Kowe padha golek apa?” Unjuke kang didangu: “Rabbi (tegese: Guru), pakendelan Paduka wonten ing pundi?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 1:38
30 Iomraidhean Croise  

Begja para garwa panjenengan punika, begja para abdi panjenengan ingkang tansah ngladosi panjenengan lan nyumerepi kawicaksanan panjenengan!


Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah, yaiku kang dakpengini muga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip, nyawang kadarmane Sang Yehuwah sarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.


Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.


Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekel sarta kang padha gondhelan iku kaaranan begja.


Rahayu wong kang ngrungokake sadhawuhingSun, kang sadina-dina caos ana ing lawangingSun, lan jaga ana ing pipining gapuraningSun.


Dhuh Yehuwah, Paduka punika jumeneng langgeng, dhampar Paduka boten ewah gingsir ing salami-laminipun.


Wong iku duwe sadulur wadon jenenge Maryam, iku linggih cedhak ing sampeyane Gusti lan tansah ngrungokake pangandikane,


Kacarita Gusti Yesus banjur tindak kadherekake wong akeh gumrudug. Gusti tumuli minger ngandika marang wong-wong mau:


Banjur ngadeg lan mulih marani bapakne. Nalika isih adoh, bapakne wis ngawasake tekane, atine trenyuh banget marga saka welase. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.


Nalika Gusti Yesus rawuh ing panggonan kono, banjur tumenga lan ngandika: “Zakheus, enggal mudhuna, amarga dina iki Aku prelu leren ana ing omahmu.”


Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan, yen Gusti wis ngandika marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”


Wong kang wus koncatan dhemit mau nyuwun supaya diparengna ndherek, nanging Gusti Yesus ndhawuhi lunga, pangandikane:


Sakabate loro mau padha krungu anggone Nabi Yokanan ngandika mangkono iku, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus.


Pangandikane Gusti Yesus: “Ayo, kowe bakal padha weruh!” Tumuli padha mara lan weruh marang pakendelane, sarta ing dina iku banjur padha tetunggalan karo Panjenengane, dene mungguh wayahe iku watara jan papat.


Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi, Paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.”


Wong-wong iku padha marani Filipus, kang saka ing Betsaida tanah Galilea, padha calathu marang dheweke: “Kisanak, kula sami kapengin badhe sowan manggihi Gusti Yesus.”


Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarang kang bakal nempuh marang sarirane, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau: “Kowe padha nggoleki sapa?”


Gusti Yesus banjur ndangu maneh: “Kowe padha nggoleki sapa?” Unjuke wong-wong mau: “Yesus Nasarani.”


seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”


Sakabat mau tumuli padha sowan marang ngarsane Nabi Yokanan lan matur: “Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun benawi Yarden saha ingkang sampun panjenengan sekseni punika inggih mbaptis sarta kapurugan dening tiyang kathah.”


Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, sumangga Paduka dhahar!”


Bareng wong-wong mau meruhi Panjenengane ana ing sabrange sagara, tumuli padha munjuk: “Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing ngriki?”


Rasul Petrus banjur mandhap sarta ngandika marang wong-wong mau: “Iya aku iki kang kokgoleki; apa karepmu mrene?”


Inggih punika sababipun kula lajeng boten kawratan mriki. Ingkang punika kula kapengin sumerep, punapa sababipun dene kula panjenengan dhatengaken?”


Nanging ature Rut: “Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten ndherek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan