Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 1:34 - Kitab Sutji

34 Anadene aku wus ndeleng lan nekseni yen iku Putraning Allah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 1:34
42 Iomraidhean Croise  

Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah; pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun! Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.


Samubarang kabeh wus kapasrahake marang Aku dening Ramaku, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Putra, aliya Sang Rama, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wong kang wus jinatenan saka karsane Sang Putra.


Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang gesang!”


Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”


Nanging Gusti Yesus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika maneh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabeh, Kowe iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?”


karo muni: “Heh, kowe, sing arep mbubrah Padaleman Suci lan mbangun maneh sajroning telung dina, coba awakmu dhewe luwarana. Manawa kowe Putraning Allah, mudhuna saka ing salib!”


Dheweke kumandel marang Allah, cikben dipitulungi Gusti Allah, manawa pancen dadi keparenge. Rak wis kandha ngene: Aku iku Putraning Allah.”


Panggedhening prajurit dalah para wadyabalane sing padha njaga Gusti Yesus, bareng weruh lindhu lan apa kang wis kalakon, padha wedi, lan padha calathu mangkene: “Sanyata Panjenengane iku Putraning Allah.”


Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekake renaning panggalihingSun.”


Juru panggodha banjur sowan ing ngarsane sarta munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaken dados roti.”


banjur munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”


Lah tumuli karone padha nguwuh seru, unjuke: “Paduka kagungan urusan punapa kaliyan kawula, dhuh, Putraning Allah? Punapa rawuh Paduka badhe misakit kawula saderengipun mangsa?”


Iki wiwitane Injile Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah.


Nuli ana swara saka ing swarga kang kaprungu mangkene: “Sira iku Putra kang Suntresnani, kang dadi kaparenging panggalihingSun.”


Paring wangsulane malaekat: “Roh Suci bakal nedhaki kowe, sarta kuwasane Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowe; mulane Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah.


banjur katedhakan ing Roh Suci apindha manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkene: “Sira iku PutraningSun kang Sunkasihi, kang dadi keparenging panggalihingSun.”


Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.


Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi, Paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.”


Aku lan Sang Rama iku siji.”


kapriye dene wong sesengkeraning Allah kang diutus marani jagad, kok kokcalathoni: Kowe nyenyamah Gusti Allah. Apa marga ana tuturKu: Aku iki Putraning Allah?


Unjuke Marta: “Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah, ingkang pinasthi rawuh ing jagad.”


Wangsulane wong-wong Yahudi: “Kula sami gadhah angger-angger, dene miturut angger-angger wau tiyang punika kedah pejah, amargi ngaken-aken Putranipun Allah.”


Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”


nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana urip ana ing Asmane.


Saha kawula sampun sami pitados tuwin sumerep, bilih Paduka punika Sang Suci kagunganing Allah.”


lan miturut Rohing kasucen, kang kayekten ana ing wungune saka ing antarane wong mati, manawa Panjenengane iku Putrane Gusti Allah kang kuwaos, yaiku Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


Awit Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah, kang wus dakwartakake ana ing antaramu, iya aku lan Silwanus sarta Timoteus, dudu “iya” lan “ora”, nanging kosokbaline ana ing Panjenengane iku kang ana mung “iya”.


kang tanpa Rama, tanpa ibu, tanpa sarasilah, kang ora ana wiwitaning dinane sarta wekasaning yuswane, sarta sarehne panjenengane kadadekake padha karo Putrane Gusti Allah, dadine lestari jumeneng imam ing salawase.


Amarga wong kang nyelaki marang Sang Putra iku iya ora nduweni Sang Rama. Kang ngakoni marang Sang Putra, iya nduweni Sang Rama.


Sapa kang tetep tumindak dosa, iku asale saka Iblis. Awitdene Iblis iku anggone gawe dosa wus wiwit-wiwitan mula. Anggone Putraning Allah nglairake sarira iku, iya prelu nglebur panggawening Iblis iki.


Sihe Gusti Allah iku kababarake ana ing antara kita, iya iku dene Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagad supaya kita padha urip marga dening Panjenengane.


Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.


Sok wonga kang ora ngantepi ing piwulange Sang Kristus, nanging nyimpang saka iku, iku ora nduweni Gusti Allah. Sok wonga kang ngantepi ing piwulang iku nduweni Sang Rama lan Sang Putra pisan.


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Tiatira: Iki pangandikane putraning Allah, kang tingale kaya urubing geni lan sampeyane kaya tembaga:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan