Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 1:32 - Kitab Sutji

32 Lan maneh paseksene Nabi Yokanan mangkene: “Aku wus ndeleng Roh tumedhak saka ing swarga kaya manuk dara, dedalem ing sarirane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 1:32
7 Iomraidhean Croise  

Iku bakal katedhakan Rohe Sang Yehuwah, rohing kawicaksanan lan pambudi, rohing pitutur lan kasantosan, rohing kawruh lan wedi-asih marang Sang Yehuwah;


Sawise kabaptis Gusti Yesus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengane mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengane.


Bareng Panjenengane mentas saka ing banyu, banjur mirsa langit piyak, sarta Roh apindha manuk dara tumedhak ing Panjenengane.


banjur katedhakan ing Roh Suci apindha manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkene: “Sira iku PutraningSun kang Sunkasihi, kang dadi keparenging panggalihingSun.”


Ing maune aku iya ora wanuh marang Panjenengane, nanging supaya Panjenengane kalairna marang Banisrael, mulane tekaku nganggo mbaptis ing banyu.”


Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya.


Ana liyane kang nekseni mungguh ing Aku, lan Aku weruh yen paseksen kang dilairake mungguh ing Aku iku bener.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan