Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 1:29 - Kitab Sutji

29 Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 1:29
65 Iomraidhean Croise  

Blebekan iku anaa ing bathuke Harun lan Harun kudu nyangga akibate kaluputan tumrap samubarang kang disucekake dening wong Israel, yaiku tumrap sadhengah kang dadi pisungsung sesengkerane. Blebekan mau kudu tetep tumempel ing bathuke, supaya wong Israel iku katrimah ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.


Nanging Pangeran Yehuwah karsa ngremuk tuwin damel gerahe Panjenengane. Samangsa Panjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa, bakal mirsani tedhak turune, yuswane bakal panjang, sarta karsaning Yehuwah bakal tumindak sarana astane.


Sawuse nyawane nandhang sungkawa Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk; tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau.


Panjenengane kinaniaya, nanging kendel bae sajrone katindhes iku lan ora mbikak tutuke kaya cempe kang katuntun menyang ing pasembelehan; kaya wedhus kang ora nywara ana ing ngarepe para wong kang padha ngguntingi wulune, kaya mangkono anggone ora mbikak tutuke.


He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu, dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.


“Yagene kurban pangruwating dosa iku ora padha kokpangan ana ing panggonan kang suci? Iku rak panduman kang suci pinunjul, lan Pangeran Yehuwah anggone maringake iku marang kowe, iku supaya kowe padha nyanggaa kaluputane para umat, supaya ngolehake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah?


“Ing wektu iku bakal ana sumber kang kaparingake marang turune Sang Prabu Dawud lan para wong isine Yerusalem kanggo ngumbah dosa lan kanajisan.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Imam Harun: “Sira lan anak-anakira dalah turune leluhurira kudu padha nyangga sadhengah kaluputan marang ing pasucen; sabanjure mung sira lan anak-anakira kang nanggung sadhengah kaluputan, kang dilakoni ing sajroning kalenggahanira imam.


mung wong bani Lewi kang padha nglakonana ayahane ana ing Tarub Pasewakan, lan iku padha nyanggaa apa kang dadi kaluputane; iku dadia pranatan kanggo ing salawase nganti ing saturun-turunira; wong iku ora bakal padha oleh bumi pusaka ana ing tengahe wong Israel;


Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng marang rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.


sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;


sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, padha kanggo kurban obaran;


sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”


Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.”


Esuke Nabi Yokanan jumeneng ana ing papan kono maneh, karo sakabate loro.


Nalika padha weruh Gusti Yesus langkung, Nabi Yokanan ngandika: “Lah iku Cempening Allah!”


Esuke maneh Gusti Yesus karsa tindak menyang ing tanah Galilea. Panjenengane pinanggih karo Filipus, banjur ngandika: “Melua Aku!”


Nalika ing dina katelune ing desa Kana tanah Galilea ana manten, sarta kang ibune Gusti Yesus ana ing kono.


Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.


lan padha tutur marang wong wadon mau: “Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamartaning jagad.”


Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.”


saha wonten ing Panjenenganipun saben tiyang ingkang pitados, kaluwaran saking sadaya dosa; punika boten saged panjenengan tampeni saking angger-anggeripun Nabi Musa.


Anadene nas kang diwaos iku surasane mangkene: Kayadene wedhus Panjenengane katuntun bakal disembeleh, lan kaya cempe kang ora nyuwara ana ing ngarepe kang mbathili, mangkono anggone Panjenengane ora mbikak tutuke.


Sabab kang wigati dhewe wus dakluntakake marang kowe, iya kaya kang wus daktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci,


Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


kang wus masrahake sarirane krana dosa-dosa kita, supaya kita diluwarana saka ing jagad ala kang saiki iki, manut karsane Gusti Allah lan Rama kita,


Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”


kang wus masrahake sarirane minangka panebus kanggo wong kabeh: iku kang dadi paseksen ing wektu kang wus pinasthi.


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


Mulane, ing bab apa bae Panjenengane kudu dipadhakake karo para sadhereke, supaya dadia Imam Agung kang welasan sarta setya marang Gusti Allah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.


mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.


nanging srana getih kang akeh ajine, yaiku rahe Gusti Yesus Kristus kang padha kaya getihing cempe kang tanpa cacad lan tanpa blentong.


Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.


Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh,


Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.


Lan kowe padha sumurup yen anggone Panjenengane wus nglairake sarira iku prelu mbirat sakehing dosa, sarta Panjenengane iku ora kadunungan dosa.


Katresnan iku mangkene: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.


sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, –


Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene. Sabab padha ora ngeman marang nyawane dhewe nganti tumeka ing pati.


Lan kabeh wong kang manggon ing bumi bakal padha sujud marang si kewan, yaiku saben wong kang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora katulisan ing buku kauripan kagungane Sang Cempe kang wus kasembeleh.


Aku tumuli weruh: lah Sang Cempe jumeneng ana ing gunung Sion, kaayap dening wong satus patang puluh papat ewu, kang padha kacirenan asmane piyambak lan asmane Kang Rama ana ing bathuke.


iku bakal ngombe anggur bebendune Gusti Allah, kang wus kasadhiyakake tanpa campuran ana ing tuwunging dukane; sarta bakal kasiksa kalawan geni lan walirang ana ing ngarepe para malaekat suci lan ing ngarsane Sang Cempe.


Yaiku wong kang ora padha njemberake awake karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndherekake Sang Cempe ing satindak-tindake. Yaiku kang padha katebus saka ing antarane manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Gusti Allah lan marang Sang Cempe.


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Lan iku kabeh bakal padha nempuh perang nglawan Sang Cempe. Nanging bakal dikalahake dening Sang Cempe lan para kang tinimbalan lan kang padha pinilih apadene kang setya, amarga Panjenengane iku Gustine para gusti lan Ratune para ratu.”


Payo kita padha sumyak-sumyak asukarena, lan ngluhurake Panjenengane! Amarga wis tekan ing dina pikramane Sang Cempe, lan panganten putri wis rumantos.


Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Nulisa: Rahayu para kang tinimbalan marang bujana pikramane Sang Cempe.” Sarta aku dipangandikani maneh: “Iki sabdane Gusti Allah kang satuhu.”


Sabanjure baluwartine kutha iku ana watune tetales rolas, ing dhuwur kacirenan jenenge para rasule Sang Cempe rolas.


Nanging sabarang kang najis ora bakal bisa mlebu mrono, uga wong kang nglakoni kanisthan, tuwin para cidra; nanging mung wong-wong kang jenenge padha katulisan ing kitab kauripan kagungane Sang Cempe.


Sawijining malaekat panunggalane malaekat pitu kang ngasta bokor pitu kebak isi wewelak pitu kang wekasan iku rawuh lan banjur ngandika: “Mrenea, kowe daktuduhi panganten putri, garwane Sang Cempe.”


Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.


Nalika Panjenengane mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur iku tumuli sumungkem ana ing ngarsane Sang Cempe, siji-sijine nyekel clempung lan bokor mas, kebak isi menyan; yaiku pandongane para Suci.


Lah aku banjur sumurup Sang Cempe iku nglethek segel kang kapisan saka segel pitu mau, lan aku krungu makluk papat mau kang kapisan ngucap, swarane kaya gludhug: “Mara ndelenga!”


Iku mau kabeh padha calathu marang gunung-gunung lan marang watu parang: “Aku padha jugrugana lan dhelikna supaya aja kauningan ing Panjenengane, kang lenggah ing dhampar lan kena ing bebendune Sang Cempe iku.”


Atur wangsulanku: “Bapak, punika panjenengan ingkang uninga.” Pinituwa mau banjur ngandika marang aku: “Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhe sarta wus padha ngumbah jubahe nganti putih ing rahe Sang Cempe.


Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan