Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 1:27 - Kitab Sutji

27 iya iku kang rawuhe nungka aku. Ambok nguculi jangeting trumpahe bae aku ora patut.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 1:27
9 Iomraidhean Croise  

bilih kula boten badhe mendhet sadhengah punapa ingkang dados kagungan dalem sadaya, dadosa namung benang saeler utawi tangsuling trumpah, supados panjenengan dalem sampun ngantos ngandika: Kang nyugihake Abram rak aku.


Aku iki mbaptisi kowe kabeh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mbok nyopot ageme trumpah bae aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.


Yaiku kang kawartakake mangkene: “Sawise aku bakal rawuh kang panguwaose ngluwihi aku. Bok tumungkul nguculi taline sepatune bae aku ora pantes.


Nabi Yokanan banjur paring wangsulan, pangandikane: “Aku iki mbaptisi kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane kang panguwasane ngungkuli aku, iku bakal rawuh lan sanadyan mung nguculi ageme trumpah bae, aku ora patut. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.


Nabi Yokanan nekseni mungguh Panjenengane sarta nguwuh-uwuh, pangandikane: “Iya iki kang dakkarepake nalika aku pitutur mangkene: Kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.”


Iya Panjenengane iku kang dakkarepake nalika aku kandha mangkene: Ana priya rawuh nungka aku, kang wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.


Lan akeh wong kang sowan marang ing ngarsane sarta padha rasanan: “Sanadyan Nabi Yokanan ora damel pratandha apa-apa, nanging kabeh kang dipangandikakake dening Nabi Yokanan tumrap wong iku, iku nyata.”


Salajengipun, nalika Nabi Yokanan sampun meh rampung anggenipun nindakaken ayahanipun, panjenenganipun ngandika makaten: Aku iki dudu kang kokkira, yen aku iki Panjenengane, nanging Panjenengane bakal rawuh sawise aku. Aku bok nguculi ageme trumpah saka ing sampeyane bae, ora pantes.


Pangandikane Rasul Paulus: “Nabi Yokanan punika anggenipun mbaptis ngangge baptising pamratobat, sarta lajeng ngandika dhateng tiyang kathah, bilih kedah pitados dhateng ingkang rawuhipun ngantuni, inggih punika Gusti Yesus.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan