Aku iki mbaptisi kowe kabeh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mbok nyopot ageme trumpah bae aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.
Nabi Yokanan banjur paring wangsulan, pangandikane: “Aku iki mbaptisi kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane kang panguwasane ngungkuli aku, iku bakal rawuh lan sanadyan mung nguculi ageme trumpah bae, aku ora patut. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.
Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula;
Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.
Wong mau padha munjuk: “Ingkang Rama wonten ing pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha ora wanuh marang Aku, lan iya ora wanuh marang RamaKu. Manawa kowe wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang RamaKu.”
Pangandikane Rasul Paulus: “Nabi Yokanan punika anggenipun mbaptis ngangge baptising pamratobat, sarta lajeng ngandika dhateng tiyang kathah, bilih kedah pitados dhateng ingkang rawuhipun ngantuni, inggih punika Gusti Yesus.”
Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang kita, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.