Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 1:24 - Kitab Sutji

24 Mungguh ing antarane para kongkonan mau ana wonge Farisi sawatara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 1:24
13 Iomraidhean Croise  

Heh, wong Farisi kang picak, resikana dhisik jerone tuwung iku, jabane iya bakal dadi resik.


Bareng Gusti Yesus wis jengkar saka ing papan kono, para ahli Toret lan para wong Farisi padha ngincim-incim marang Panjenengane lan ngebyuki Panjenengane kalawan prakara warna-warna,


Iku mau kabeh iya kaprungu dening wong-wong Farisi, kang padha karem bandha, banjur padha ngencepi Panjenengane.


Nanging para wong Farisi lan para ahli Toret padha nampik marang karsane Gusti Allah tumrap awake dhewe, sarana anggone padha ora gelem dibaptis dening Nabi Yokanan.


Pangandikane Nabi Yokanan: “Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengna margi ambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikakake dening Nabi Yesaya.”


Iku banjur nyuwun pirsa maneh: “Manawi panjenengan sanes Sang Kristus, sanes Nabi Elia, sanes nabi ingkang sami kula antos-antos, punapaa dene panjenengan kok mawi mbaptis?”


Amarga wong Saduki iku padha nganggep, yen patangen iku ora ana lan iya ora ana malaekat utawa roh, balik wong Farisi nganggep loro-lorone.


Sampun dangu sanget anggenipun sami pitepangan kaliyan kawula saha bokbilih purun, sami saged suka paseksen, bilih kawula gesang kadosdene tiyang Farisi manut golongan ingkang keras wonten ing salebeting agami kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan