Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 1:16 - Kitab Sutji

16 Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 1:16
24 Iomraidhean Croise  

Manawi lumampah wonten ing lebak Baka, punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun; tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan.


He, gunung kang gedhe, sira iku sapa? Ana ing ngarepe Zerubabel sira bakal dadi tanah rata, dene Zerubabel iku bakal ngangkat watu kang pinunjul dene wong padha surak-surak: Apik! Apik banget watu iku!”


Amarga sapa kang duwe, iku bakal kaparingan, malah nganti luber, nanging sing sapa ora duwe, apa bae kang kaduwe, bakal dipundhut.


Aku iki mbaptisi kowe kabeh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mbok nyopot ageme trumpah bae aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.


Nanging nabi Yokanan menggak, unjuke: “Kawula ingkang prelu Paduka baptis, lah kok Paduka ngrawuhi kawula.”


Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.


Sabab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates.


Sabab, yen marga saka panerake wong siji, si pati wus masesa marga saka wong siji iku, mendahane maneh wong kang wus padha nampani kaluberaning sih-rahmat sarta ganjaran kabeneran, mesthi bakal urip lan masesa marga dening wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.


Panjenengane iku kang njalari kita padha oleh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita ngalembana sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning Allah.


Nanging angger-anggering Toret tumuli kawuwuhake, supaya panerak dadi saya akeh, dene ing ngendi kang dosane wuwuh akeh, ing kono sih-rahmat dadi saya luber,


Balik kowe iku padha ora kawengku ing daging, nanging padha ana ing Sang Roh, semono iku manawa Rohing Allah pancen dedalem ana ing kowe. Nanging sing sapa ora kadunungan Rohe Sang Kristus, iku dudu kagungane Sang Kristus.


Dene pasamuwan iku kang dadi sarirane, kang kapenuhan ing Panjenengane, kang menuhi samubarang kabeh.


sarta bisa ngawruhi marang sihe kang ngungkuli sakabehing kawruh iku. Aku ndedonga, supaya padha kapenuhan ing kasampurnaning Gusti Allah.


Marga kawontenane Allah ing sawetahe kepareng dedalem ana ing Panjenengane,


sabab ana ing Panjenengane sumimpene raja-brana kawicaksanan lan kawruh.


Dene para nabi iku padha niti-priksa: jaman apa sarta kapriye karsane Rohe Sang Kristus, kang ana ing batine, yaiku Roh kang sadurunge paring paseksen bab sakehing kasangsaran kang bakal tumempuh marang Sang Kristus sarta bab sakehing kamulyan ing sawise iku.


yaiku para pepilihan miturut ing rancanganing Allah, Rama kita sarta kang kasucekake dening Roh, supaya padha mituhua marang Gusti Yesus Kristus lan nampanana kepyuraning rahe. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe mawantu-wantu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan