YOKANAN 1:14 - Kitab Sutji14 Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten. Faic an caibideil |
Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan.
Sang Pilatus banjur ngandika: “Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?” Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula.”
Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”