Bareng bayine padha suk-sukan ana ing guwa-garbane, Ibu Ribkah ngunandika: “Manawa kaya mangkene yagene aku urip?” Banjur tindak nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah.
Ing kono Rama Iskak gumeter lan kaget banget sarta ngandika: “Yen mangkono sapa ta kang wus mbebedhag kewan sarta wus diladekake marang aku? Mangka iya wus dakpangan kabeh, sadurunge kowe teka, nuli iya wus kelakon dakberkahi, mangka anggone kaberkahan iku mesthi tetep.”
nuli aku olahna pangan kang enak, kaya kang dadi kasenenganku, yen wus rampung ladekna mrene, dakpangane, sawise iku kowe bakal dakberkahi sadurunge aku tinggal donya.”
Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen; saking guwa-garbaning bangbang wetan kaaneman Paduka medal kados ebun.
Lan aja padha duwe pikiran mangkene: Aku rak trahe Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowe, sanadyan saka watu iki Gusti Allah kuwaos mijilake anak kanggo trahe Rama Abraham.
ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci,
Marga saka karsane piyambak Panjenengane wus mbabarake kita srana pangandikaning kayekten, supaya kita padha ana ing tataran kang gumathok, yaiku dadi putra pambarep ing antarane para titahe kabeh.
Jalaran kowe wus padha kalairake maneh ora saka wiji kang bisa sirna, nanging kang langgeng, dening pangandikaning Allah kang gesang lan kang langgeng.
Pinujia Gusti Allah iya Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,
Dikaya bayi kang nembe lair, kang tansah kapengin marang banyu susu kang murni kang asipat rohani, supaya marga saka iku padha lestaria tuwuhmu ing bab karahayon,
Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.
Para kekasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkane saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang nindakake katresnan, iku laire saka ing Gusti Allah lan wanuh karo Gusti Allah.
Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kang diputrakake.
Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.