iku ana ing padalemaningSun lan ana ing wewengkoning tembok-tembokingSun bakal Sunparingkae tandha pengetan lan jeneng – iku luwih becik katimbang karo anak lanang utawa wadon, – sawijining jeneng kang langgeng kang ora bakal sirna bakal Sunparingake marang wong-wong iku.
Maune Ingsun kagungan panggalih: “Satemene Ingsun arsa mrenahake sira ana ing tengah-tengahing para putraningSun lan maringi sira tanah kang endah, tanah pusaka kang endah dhewe saka para bangsa. PanggalihingSun: sira bakal nyebut Ingsun: Rama kawula, lan ora bakal ninggal marang Ingsun.
Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”
Nalika Gusti Yesus ana ing Yerusalem, sajrone riyaya Paskah, akeh wong pracaya marang Panjenengane, marga padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakake.
nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana urip ana ing Asmane.
Sing sapa pracaya marang Panjenengane, iku ora bakal diukum, balik sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan, amarga ora pracaya marang asmane Putraning Allah kang ontang-anting.
Punapa dene margi saking pitados dhateng Asma Yesus punika, mila Asma punika sampun kelampahan ngiyataken tiyang ingkang panjenengan pirsani saha ingkang panjenengan sampun tepang punika; sarta kapitadosan punika ingkang njalari sarasipun tiyang punika wonten ing ngarsa panjenengan sadaya.
Kalawan patrap mangkono iku Panjenengane wis maringi marang kita prasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul, supaya srana iku kowe padha bisa tunggal kodrat kaallahan lan ora kena ing dayaning hawa-nepsu kadonyan.
Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang kita, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.
Iki titikane para putraning Allah lan para anake Iblis; sok wonga kang ora nindakake kayekten iku asale ora saka ing Allah, mangkono uga kang ora tresna marang sadulure.
He, para kekasih, saiki kita padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kapriye bakal kaanan kita ing tembe. Mung bae kita padha sumurup, manawa Sang Kristus ngatingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengane, amarga kita bakal padha ndeleng kaanane Panjenengane ing sajatine.
Anadene pepakone iku yaiku: supaya kita padha pracaya marang asmane Gusti Yesus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnanana cocog karo pepakon kang kadhawuhake dening Sang Kristus marang kita.