YOEL 1:9 - Kitab Sutji9 Kurban dhaharan lan kurban unjukan wus ilang saka ing padalemane Sang Yehuwah; para abdine Pangeran Yehuwah, yaiku para imam, padha susah. Faic an caibideil |
Bakal ora ngunjukake kurban unjukan anggur marang Pangeran Yehuwah, sarta kurban-kurbane sembelehan ora bakal gawe renane Panjenengane; rotine kaya rotining kasusahan, kang mangan bakal padha dadi najis kabeh, marga rotine iku mung kanggo awake dhewe, ora kepareng digawa lumebu menyang ing padalemane Pangeran Yehuwah.
Para imam, para abdine Sang Yehuwah, padha nangisa ana ing antarane pandhapa lan misbyah, sarta munjuka: “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring piwelas dhateng umat Paduka, bangsa kagungan Paduka piyambak sampun ngantos kategakaken kawewada, temah dipun poyoki dening para bangsa. Punapaa ngantos wonten ujaripun tiyang ing antawisipun para bangsa: Gusti Allahe wong iku ana ing ngendi?”