Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOEL 1:8 - Kitab Sutji

8 Ngadhuh-adhuha kayadene prawan kang manganggo bagor, marga saka pacangane, kekasihe nalika isih enom.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOEL 1:8
13 Iomraidhean Croise  

kang ninggal bojone jaka-lara, sarta lali marang prasetyane Gusti Allah;


Ing nalika iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah dhawuh marang wong supaya nangis lan sesambat kalawan gundhul lan manganggo bagor;


Padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi ayem, padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem, selehna lan cucula sandhanganmu, padha manganggoa bagor ing lambungmu!


Lagi bae sira rak nyebut Ingsun: Rama kawula! Paduka punika mitra kawula wiwit alit mila!


Dalan-dalan kang anjog ing Sion kebak prihatin, marga ora ana kang padha nekani riyaya, gapurane sepi nyenyet kabeh, para imame padha ngesah, para prawane padha sedhih, dene Sion dhewe pepes atine.


Karodene karameaning kabungahanira padha Sunsalini dadi kaprihatinan, lan kekidunganira dadi kidung pangadhuh, sarta sakehe bangkekan Sunsandhangi bagor, apadene sakehe sirah Sundhawuhi gundhul, iku kabeh Sundadekake kaya palayadan marga kelangan anak ontang-anting, lan wekasane dadi dina kang pait-getir.”


Apa dudu Gusti Allah kang asipat sawiji kang nitahake wong-wong iku dadi daging lan roh? Sarta apa kang dikarsakake ing patunggalan mau? Turun kang saka Gusti Allah! Mulane jaganen awakmu, aja pisan-pisan nyidrani marang somahmu jaka-lara!


Ing saikine, he para wong sugih, nangisa sarta sesambata marga saka anane sangsara kang bakal tumempuh ing kowe!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan