Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOEL 1:5 - Kitab Sutji

5 He, para wong mendem, tangia lan nangisa! He, para wong kang karem anggur, marga saka anggur anyar, padha ngadhuh-adhuha, amarga anggur iku wus dirampas saka ing cangkemmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOEL 1:5
13 Iomraidhean Croise  

Mulane manganggoa sandhangan bagor, nangisa lan sesambata, amarga bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad ora bakal mendha saka ing kita.


“He, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan pratelaa: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Padha nangisa lan ngucapa: Adhuh, dina iku!


Para wong tani padha kisinan, para tukang kebon anggur padha ngadhuh-adhuh, marga saka gandum lan sair, awitdene panenaning pategalan wus lebur kabeh.


He, para imam, padha manganggoa bagor lan sambat-sambata, he, para kang ngladeni misybah, padha ngadhuh-adhuha, he, para abdine Gusti Allahku, padha lumebua, padha nginepa kalawan manganggo bagor, dene padalemane Gusti Allahmu wus koncatan kurban dhaharan lan kurban unjukan.


Anggone ngrebut umatingSun iku sarana mbuwang undhi, bocah lanang diijolake karo wong wadon tuna-susila, bocah wadon diedol dhurupake anggur, supaya bisa ngombe.


“Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina mangun suka ngeram-eramake.


Ing saikine, he para wong sugih, nangisa sarta sesambata marga saka anane sangsara kang bakal tumempuh ing kowe!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan