4 Sisane walang kang ngrikiti kapangan dening walang alihan, lan sisane walang alihan kapangan dening walang mlumpat, sarta sisane walang mlumpat kapangan dening walang kethaha.
Manawi ing nagari ngriki katempuh ing paceklik, manawi kataman ing pageblug, ama saha penyakit gandum, walang utawi walang kethaha, manawi mengsah damel rupekipun tiyang-tiyang wau wonten ing salah satunggaling kithanipun, manawi wonten wewelak utawi sesakit punapa kemawon,
Manawi ing nagari punika wonten pailan, manawi wonten pageblug, ama gosong, ama lodhoh, ama walang srakah, manawi sami kadamel rupek dening mengsah wonten ing salah satunggaling kithanipun, manawi wonten wewelak utawi sesakit punapa kemawon,
Manawa Ingsun nginebake langit, satemah banjur ora ana udan, lan manawa Ingsun dhawuh marang walang-walang supaya padha mangsa pametuning bumi nganti tapis, sarta manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing satengahe umatingSun,
Walang mau bakal nutupi lumahe bumi nganti ora katon lemahe, sarta bakal mangani nganti entek sabarang kang isih kari kang ora rusak marga anane udan es, dalasan sakehe wit-witan kang thukul ana ing tanahira iku bakal padha dimangsa nganti ludhes kabeh.
Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi wus supaos demi sarirane piyambak: Sanadyan sira kebak manungsa nganti kaya walang, nanging wong bakal padha nguwuh marang sira panguwuhing perang.
Ngadegna tunggul ana ing bumi, ngunekna kalasangka ana ing tengahe para umat, para bangsa padha samektakna ing perang nglawan Babil balane karajan-karajan kumpulna – Ararat, Mini lan Askenas – ngadegna senapati nglawan Babil, ngajokna jaran-jaran kang kehe kaya walang!
Ingsun bakal paring marang sira pulihe taun-taun kang pametune entek kamangsa dening walang alihan, walang kang mlumpat, walang kang kethaha lan walang kang ngrikiti, wadya-balaningSun kang gedhe kang Sunutus menyang ing tengahira
“Ingsun wus nggebag sira kalawan ama gosong lan ama lodhoh, patamanan lan pakebonanira anggur wus Sundadekake alum, apadene witira anjir lan witira jaitun padha kamangsa ing walang nganti entek, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Iki tetingalan kang diparingake dening Pangeran Yehuwah marang aku: Lah Panjenengane nganakake krompolan walang, ing mangsane suket akhir wiwit thukul, yaiku suket akhir sawuse kaerit kagem Sang Prabu.
Anadene walang memangsa bakal Sungusah, supaya aja nganti ngentekake pametune palemahanira, sarta wit anggur ing kebonira aja nganti ora awoh, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi –