Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOEL 1:2 - Kitab Sutji

2 He, para tuwa-tuwa, padha ngrungokna, he, para wong isine nagara, padha nilingna! Sajegmu urip utawa ing jamane para leluhurmu apa tau ana lelakon kang kaya mangkene iki?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOEL 1:2
24 Iomraidhean Croise  

Apa dudu para wong tuwa kang padha kadunungan kawicaksanan, sarta wong kang wus akeh umure iku kang duwe pangreten?


Panunggalanmu ana kang wus uwanen, sarta kang wus tuwa banget, ngungkuli bapakmu.


Yagene wong duraka kok lestari urip, dadi tuwa, malah wuwuh-wuwuh kakuwatane?


Takona ta bab wong-wong jaman biyen, lan gatekna apa kang wus katitipriksa dening para leluhur.


Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.


He para bangsa, padha nyedhaka lan ngrungokna, lan padha nggatekna, he para suku bangsa! Bumi dalah saisine kabeh prayoga padha krungu, uga jagad lan kabeh kang tuwuh saka ing kono.


Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken dhumateng panjenengan dalem lan dhumateng kawula dalem sarta dhumateng kulawarga dalem dinten-dinten ingkang dereng nate wonten wiwit nalika Efraim nebihi Yehuda – inggih punika ratu ing Asyur.”


Adhuh, iba ta anggone nggegirisi dina iku, ora ana tandhinge; iku dina karubedan tumrap Yakub, nanging bakal linuwaran.


“Iki rungokna, he bangsa kang goblog lan kang tanpa budi, kang duwe mripat nanging ora ndeleng, lan duwe kuping, nanging ora krungu!


“Ing nalika iku uga Sang Mikhael, pemimpin agung iku, bakal rawuh ngamping-ampingi turune bangsamu, lan bakal ana mangsa karubedan kang gedhe, kang durung tau kelakon wiwit anane bangsa-bangsa nganti tumeka ing wektu iku. Nanging nalika iku bangsamu bakal bisa oncat, yaiku sing sapa jenenge katulis ana ing Kitab iku.


He wong Israel, padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, awit Sang Yehuwah kagungan prakara karo wong isine nagara kene, marga ora ana kasetyan lan ora ana katresnan marang Allah, sarta ora ana kang wanuh marang Gusti Allah ing nagara kene.


He, para imam, padha ngrungokna, he, umat Israel, padha nggatekna, he, para kulawarganing ratu, nilingna kupingira, awitdene paukuman iku tumuju marang sira, marga sira wus dadi kala-jiret tumrap Mizpa, lan dadi jaring kang kajereng ana ing gunung Tabor,


Padha ngundhangna puwasa kang suci, nganakna parepatan agung, nglumpukna para tuwa-tuwa, dalah sakehe wong isine nagara ana ing padalemane Pangeran Yehuwah Allahmu lan padha sambat-sambata marang Sang Yehuwah.


sawijining dina kang peteng ndhedhet lan pagowong, dina kang mendhung lan peteng lelimengan; ana bangsa kang gedhe sarta santosa mratani gunung-gunung kaya bangbang wetan, kang kaya mangkono iku durung tau ana wiwit kuna mula; lan ing sapungkure iya bakal ora ana, turun-tumurun, ing tembe buri.


He wong Israel, padha ngrungokna pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah tumrap sira, iya tumrap bangsa sakabehe kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, mangkene pangandikane:


“Padha ngrungokna marang pangandika iki, he, sapi-sapi ing Basan, kang manggon ing gununge Samaria, kang nindhes marang wong apes, lan ngidak-idak wong miskin, kang ngucap marang para bendaranira: Gawanen mrene supaya aku padha ngombe.


Padha rungokna tembung kang dakucapake ing ngatase kowe kabeh iki minangka kidung pangadhuh, he, turune Israel:


He, sakehe para bangsa, padha ngrungokna! He, bumi dalah isine, padha nitenana, Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh, iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci.


Pituturku mangkene: Padha ngrungokna ta, he, para panggedhene Yakub, lan para pemimpine turune Israel. Rak wus sabenere sira sumurup ing kaadilan,


He, para panggedhene bani Yakub lan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna! He, sira kang padha ewa marang kaadilan sarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,


Sapa kang duwe kuping ngrungokna.”


Amarga ing wektu iku bakal kalakone panganiaya kang nggegirisi, kang durung tau kalakon wiwit ing wiwitaning jagad nganti saprene lan kang bakal ora kalakon maneh.


Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dipangandikakake dening Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul, iku bakal Sunparingi mangan wohe wit panguripan kang ana ing Patamanane Pirdus Gusti Allah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan