Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 9:1 - Kitab Sutji

1 Kawicaksanan wus yasa daleme, lan wus ngedegake sakane pitu,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 9:1
17 Iomraidhean Croise  

Saka-saka mau nuli diadegake ana ing sacedhake pendhapa agung. Nalika ngedegake saka kang tengen, iku dijenengake Yakhin; bareng ngadegake saka kang kiwa, iku dijenengake Boas.


Sang Prabu uga yasa Bangsal Saka, kang dawane seket asta, lan ambane telung puluh asta. Ing ngarepe bangsal iki ana bangsale maneh kang ing sisih ngarepe ana sakane lan ana undhak-undhakane.


Kawicaksanan nguwuh-uwuh seru ana ing lurung-lurung, sarta nyuwara ana ing ara-ara,


He anakku, manawa kowe nampani tembung-tembungku, lan nyimpen prentahku ana ing sajroning atimu,


Srana kawicaksanan omah iku kaadegake, lan kasantosakake dening kapinteran;


He anakku, aja lali marang piwulangku, sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku,


Kawicaksanan rak nguwuh-uwuh, lan kapinteran rak ngetokake swarane?


He sakehe wong kang ngelak, padha mrenea lan ngombea banyu, apadene sira kang ora duwe dhuwit, mrenea! Nampanana gandum tanpa bayar lan mangana, uga anggur lan susu tanpa bayar!


Lan Aku iya pitutur marang kowe: Kowe iku Petrus, sarta watu karang iki bakal dakanggo tetalesing pasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasani dening pati.


Lan sawuse nyumurupi sih-rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi saka-guruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan, supaya aku maranana marang wong-wong kang ora tetak, lan dheweke padha marang para wong tetakan;


Dadi yen ana kasepku kowe bisa nyumurupi, uripe brayating Allah iku kudune kapriye, yaiku pasamuwane Gusti Allah kang asipat gesang, sesaka pikukuh lan dhasaring kayekten.


Sing sapa unggul, iku bakal Sundadekake saka-guru ana ing Padaleman Sucining AllahingSun, lan ora bakal metu maneh saka kono; karodene bakal Suntulisi asmane AllahingSun, araning kuthaning AllahingSun, yaiku Yerusalem anyar, kang tumurun saka ing swarga saka AllahingSun, sarta asmaningSun kang anyar.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan