Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 8:4 - Kitab Sutji

4 “He para wong lanang, sira kang Sunpituturi, marang para anaking manungsa, swaraningSun Suntujokake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 8:4
13 Iomraidhean Croise  

Masmur anggitane Asaf. Kang Mahakawasa, yaiku Pangeran Yehuwah, ngandika sarta nimbali marang bumi, saka prenah pletheking surya tutug prenahe surupe.


ana ing sandhinge gapura sangarepe kutha, ana ing dalan lumebu anggone nguwuh-uwuh kalawan sora, pangandikane:


He wong ora duwe pangalaman, padha ngupayaa kapinteran, he para wong ndableg, padha mangretenana iku ing sajroning atimu.


He, sakehe para bangsa, padha ngrungokna! He, bumi dalah isine, padha nitenana, Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh, iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci.


Sing sapa duwe kuping, ngrungokna.


Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.


Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, lan wus kagelarake ana ing salumahing bumi sakurebing langit, lan aku iki, Paulus, kang wis dadi paladose.


Iya Panjenengane iku kang dakwartakake samangsa aku padha mituturi lan mulang saben wong bab sarupane kawruh kanggo nuntun saben wong marang kasampurnan kang ana ing Gusti Kristus,


Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan