Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 7:7 - Kitab Sutji

7 aku weruh ing antarane wong kang ora duwe pangalaman, aku sumurup ing antarane para nomnoman ana sawijining jaka kang tanpa budi,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 7:7
24 Iomraidhean Croise  

Wong kang laku jina ngenteni wayah repet-repet, awit pamikire: Aku aja nganti kaweruhan ing wong; banjur raine dikudhungi.


kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi, paring pangretosan dhateng para tiyang ingkang bodho;


Wetune saka ing tepining langit sarta ubenge tumeka ing sisih liyane, ora ana barang kang ora kena ing panasing sunare.


“He wong kang ora duwe pangalaman, nganti pira lawase, anggonmu isih nresnani kaananmu iku, tukang poyok anggone seneng memoyok lan wong bodho anggone sengit marang kawruh?


Awitdene wong kang tanpa pangalaman iku bakal kapatenan dening anggone lumun; sarta wong bodho bakal kasirnakake dening sembranane.


kanggo aweh kalantipun marang wong kang ora duwe pangalaman, sarta kawruh lan kawicaksanan marang wong anom; –


Lambene wong wasis iku ana kawicaksanane, nanging gegere wong tanpa budi iku kacawisan penthung.


Wong kang nggarap lemahe bakal wareg rejeki, nanging kang mburu barang muspra iku tanpa budi.


Wong kang ora duwe pangalaman ngandel sabarang ujar, nanging wong kang wicaksana iku nggatekake lakune.


Wong kang tanpa pangalaman pituwase kabodhoan, nanging wong wicaksana iku kamakuthan kawruh.


Tanpa kawruh kasregepan uga ora maedahi, sarta kang kesusu iku bakal kleru jangkahe.


Yen wong ambek memoyok kokgitik, wong kang tanpa pengalaman bakal dadi wicaksana, yen wong mawa budi kokwelehake, bakal ngrumangsani.


Wong wicaksana manawa nyumurupi anane bilai, banjur ndhelik, balik wong ora duwe pangalaman terus bae lakune, temah ngalami kasangsaran.


Aku ngliwati pategalane wong kesed, lan ing pakebonane anggur wong kang tanpa budi.


Manawa wong kang prayitna nyumurupi bilai, banjur umpetan, nanging kang ora duwe pangalaman terus bae, temah tinempuh ing bilai.


He anakku, nggatekna marang kawicaksananku, kupingmu tilingna marang kapinteran kang dakwulangake,


He anakku, pepakone bapakmu estokna, lan aja ninggal piwulange ibumu.


Sing sapa laku jina iku tanpa budi, kang nindakake mangkono iku ngrusak awake dhewe.


He wong ora duwe pangalaman, padha ngupayaa kapinteran, he para wong ndableg, padha mangretenana iku ing sajroning atimu.


“Sapa kang ora duwe pangalaman, iku padha mrenea,” lan wong kang cupet budine iku dituturi:


“Sapa kang ora duwe pangalaman, padha mrenea,” lan para wong kang cupet ing budi, didhawuhi mangkene:


“UmatingSun iku nyata-nyata bodho, padha ora wanuh marang Ingsun. Bocah-bocah kang goblog, lan ora ngreti apa-apa, pintere yen nindakake piala, nanging panggawe becik ora dimangreteni.”


Dhawuh pangandikane Gusti Yesus: “Dadi kowe iya padha durung mangreti?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan