Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 7:6 - Kitab Sutji

6 Awit nalika aku pinuju ngungak saka ing cendhelaning omahku, nginjen saka ing rujining omahku,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 7:6
5 Iomraidhean Croise  

Bareng wus antara lawas anggone dedalem ana ing kono, kacarita Sang Prabu Abimelekh rajane wong Filisti pinuju ngungak ing cendhela, mirsa Rama Iskak lagi ngungrum kang garwa Ribkah.


Nalika pethine Sang Yehuwah mlebu ing kuthane Sang Prabu Dawud, Sang Putri Mikhal putrane Sang Prabu Saul ngungak ing cendhela, mirsa yen Sang Prabu Dawud lincak-lincak lan beksa-beksa ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Mulane Sang Putri ing sajroning panggalih nyepelekake Sang Prabu Dawud.


supaya kowe diayomana saka wong wadon tuna-susila, sarta wong wadon liya, kang alus pambujuke.


Kekasihku iku kaya kidang, utawa anak menjangan. Delengen, panjenengane jumeneng ing saburining tembok kita, kambi ngungak-ungak liwat cendhela-cendhela lan nginjen ing ruji-ruji.


Ibune Sisera ngungak-ungak saka ing cendhela, lan nguwuh-uwuh saka ing saburining pancak suji: “Yagene karetane perang ora teka-teka, yagene swaraning karetane durung keprungu?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan