Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 7:3 - Kitab Sutji

3 Talenana kabeh iku ing drijimu, sarta tulisana ana ing papaning atimu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 7:3
11 Iomraidhean Croise  

Katresnan lan kasetyan muga aja nganti ninggal kowe, iku kalungna ing gulumu, catheten ana ing papaning atimu;


kabeh iku aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu, simpenen ana ing sajroning telenge atimu;


Iku kabeh tansah kumanthila ana ing atimu, lan kalungna ing gulumu.


Kawicaksanan iku celathonana: “Kowe iku sadulurku,” lan pangreten iku anggepen sanakmu,


Mulane saiki, sira mangkata, bab iku tulisen ing papan ana ing ngarepe mripate, lan sira cathetana ing kitab, supaya dadi paseksen kanggo ing mbesuk, nganti ing salawas-lawase.


Anadene Ingsun, iki prajanjianingSun marang wong-wong mau, pangandikane Sang Yehuwah: RohingSun kang dumunung ana ing sira lan pangandikaningSun kang Sunparingake ana ing cangkemira ora bakal sumingkir saka ing cangkemira saka ing cangkeme turunira sarta saka ing cangkeme turune turunira, wiwit ing samengko nganti ing salawas-lawase, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


“Dosane Yehuda iku wus tinulisan kalawan pen wesi, kang lancipe inten, ingukir ana ing papaning atine lan ana ing sungu-sunguning misbyahe


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


Awit wus tetela, manawa kowe iku layange Sang Kristus, kang daktulis ing sajrone aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipat gesang, dudu ing papan watu, nanging ing papan daging, yaiku ing atine manungsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan