Padha nilingna kupingira lan sowana ing ngarsaningSun; padha ngrungokna, temah sira bakal padha urip! Ingsun arsa nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh, manut sih-susetya kang santosa kang Sunjanjekake marang Dawud
Unjuke Nabi Yeremia: “Prakawis punika boten badhe kelampahan! Kawula aturi miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah menggah prakawis ingkang sampun kawula unjukaken dhateng panjenengan dalem; kawontenan panjenengan dalem badhe sae saha sarira dalem badhe karimatan.
Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, – sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. –
Sing sapa nggondheli pepakonKu kalawan ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku. Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi dening RamaKu sarta iya bakal Dakkasihi sarta Aku bakal nglairake sariraKu marang wong iku.”
Anggone manggih ana ing sawijining nagara ana ing pasamunan, ana ing satengahe papan kang mluwa lan panggeroning pasamunan, banjur diamping-ampingi, direksa prasasat maniking paningale.
Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangane. Iku kang bakal padha duwe wewenang tumrap wit-wit panguripan, lan lumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.