Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 7:1 - Kitab Sutji

1 He anakku, estokna pituturku, sarta pepakonku simpenen ing atimu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 7:1
16 Iomraidhean Croise  

Tampanana piwulanging lesane, tuwin pangandikane simpenen ing sajroning atimu.


He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu, lan aja ninggal piwulange ibumu;


Wong wicaksana iku tetandho kawruh, nanging cangkeme wong bodho iku karusakan kang ngancam.


He anakku, aja lali marang piwulangku, sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku,


kabeh iku aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu, simpenen ana ing sajroning telenge atimu;


tumapaking dlamakane mudhun menyang pati, jangkahe anjong marang jagading wong mati.


He anakku, pepakone bapakmu estokna, lan aja ninggal piwulange ibumu.


Wong iku ora gelem nampani tebusan apa bae, sanadyan pira bae pawewehmu, tetep ora bakal ditampani.


Nanging Gusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan digatekake.”


Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku.


Padha elinga marang pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya, kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawa iku padha netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi pituturmu.


lan laknat, manawa kowe padha ora ngestokake pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta nyleweng saka ing dalan kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, tuwin ngetut-buri marang allah liyane kang ora kokweruhi.


Rahayu wong kang macakake lan para wong kang ngrungokake pangandika pamedhar wangsit iki sarta kang netepi apa kang katulisan ing jerone, awit wektune wis cedhak.


Nanging dhawuhe marang aku: “Aja mangkono! Awit aku iki dadi kancamu abdi, padha kaya kowe lan sadulur-sadulurmu, para abdi, lan para kang netepi pangandikane kitab ini. Sujuda marang Gusti Allah!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan