Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 6:3 - Kitab Sutji

3 nuli, he anakku, tumindaka mangkene, lan ngluwarana awakmu, marga kowe wus tumiba ing regemane pepadhamu, lungaa, jengkenga, lan njaluka kawelasan kalawan banget marang pepadhamu iku,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 6:3
8 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu ngandika marang Nabi Gad: “Sanget ribed manah kula, kajengipun kawula dhawah ing astanipun Sang Yehuwah, amargi ageng sihkadarmanipun; nanging sampun ngantos kula dhawah ing tanganipun manungsa.”


Ing kono Nabi Semaya banjur manggihi Sang Prabu Rehabeam lan para panggedhene Yehuda, kang padha nglumpuk ana ing Yerusalem, amarga saka pangancame Sang Prabu Sisak, sarta matur mangkene: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira wus padha ninggal marang Ingsun, mulane Ingsun iya nilar sira kabeh ana ing pangwasane Sisak.”


Sang Prabu nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan ora ngesorake sarira ana ing ngarsane Nabi Yeremia, kang sowan kalawan ngemban dhawuhe Pangeran Yehuwah.


Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka, awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,


Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang Sang Prabu Pringon sarta matur: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun bangsa Ibrani makaten: Nganti pira lawase anggonira ora gelem ngesorake awak ana ngarsaningSun? UmatingSun lilanana lunga saos pangabekti marang Ingsun!


manawa kowe kejiret ing tembungmu dhewe, kena kala ing tembunge cangkemmu dhewe,


aja ngolehake mripatmu ngliyep, lan tlapukanmu aja oleh ngantuk,


Esorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan