2 supaya kowe gondhelan ing kawicaksanan, lan lambemu ngemota kawasisan.
sarana lambe kawula kawula nyariyosaken sakathahing sarak ingkang Paduka dhawuhaken.
Atiku ngluberake tembung kang ngresepake, aku arep ngunjukake kekidunganku marang Sang Prabu; ilatku iku dadi pene juru-tulis kang wasis.
cangkem kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka, saha karahayon peparing Paduka ing sadinten-dinten, amargi kawula boten saged ngetang kathahipun.
Lambene wong bener iku dadi pangone wong akeh, nanging wong bodho mati, marga kacupetan budi.
Ilate wong wicaksana nglairake kawasisan, nanging cangkeme wong gemblung ngluberake kabodhoan.
Lambene wong wicaksana nyebar kawruh, nanging atine wong gemblung iku ora jujur.
Atine wong wicaksana minterake cangkeme, lan marakake lambene luwih bisa ngyakinake.
Sanadyan emas lan mutiara akeh, nanging kang akeh banget pangajine iku lambe kang kadunungan kawruh.
He anakku, panglimbang lan kawicaksanan aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu, iku simpenen,
Madu murni tumetes saka ing lambemu, pengantenku, madu lan susu ana ing sangisoring ilatmu, lan gandaning sandhanganmu iku pindha gandaning gunung Libanon.