Paduka sapunika mugi karsaa paring kawicaksanan saha kawasisan, supados kawula saged mlebet medal dados panuntuning bangsa punika, awit sinten ingkang saged ngakimi bangsa ingkang ageng punika?”
ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; – kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? – Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.
Amarga pangayomaning kawicaksanan iku kayadene pangayomaning dhuwit. Lan begja wong kang sumurup, manawa kawicaksanan iku rumeksa marang uripe para wong kang nduweni.
Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?
Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus