Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 4:2 - Kitab Sutji

2 awitdene piwulang kang becik kang dakwenehake marang kowe, aja padha ninggal marang pituduhku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 4:2
15 Iomraidhean Croise  

Anadene sira, putraningsun Suleman, sira diwanuh kalawan Gusti Allahe ramanira lan ngabektia marang Panjenengane kalawan tulus eklas lan legawaning ati, awit Pangeran Yehuwah iku niti priksa sakehing ati tuwin nguningani sakehing kekarepan lan idham-idhaman. Manawa sira ngupaya marang Panjenengane, Panjenengane rena manawa sira sowani, nanging manawa sira ninggal Panjenengane, sira bakal kabuwang ing salawase.


Nanging manawa sira padha mungkur lan ninggal sakehe katetepan lan dhawuhingSun kang wus Sunparingake marang sira sarta banjur lunga ngabekti marang allah liyane tuwin sujud lan nyembah marang iku,


Kowe munjuk: Piwulang kawula punika murni, saha kawula resik wonten ing paningal Paduka.


Atiku nglairake tembung kalawan jujur, lan lambeku mratelakake kalawan cetha apa kang disumurupi.


Kawula meh-meh kemawon dipun sirnakaken saking ing bumi, ewadene kawula inggih boten nilar dhawuh Paduka.


He anakku, aja lali marang piwulangku, sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku,


Kula sami ngestokaken piwelingipun Eyang Yonadab bin Rekhab, leluhur kula, ing bab samukawis ingkang dados piwelingipun dhateng kula sadaya, supados kula sami boten ngombe anggur salaminipun gesang, inggih punika kula piyambak, semah kula, anak-anak kula jaler estri,


Piwulangku muga tumetes kaya udan, tembungku tetesa kaya ebun, kaya udan deres kang tumiba ing trubusan kang lagi semi, kaya udan deres nibani tetuwuhan.


Manawa sadulur-sadulur kita padha kokelingake marang bab-bab iku, kowe bakal dadi paladene Sang Kristus Yesus kang becik, kang kagulawenthah ing bab-bab lakuning pracaya kita sarta ing bab piwulang kang becik-becik kang wus kokleluri nganti saprene iki.


sarta ngantepi ing pangandika kang satuhu, kang cundhuk karo piwulang kang sanyata matemah bisa mituturi wong adhedhasar piwulang iku tuwin bisa ngyakinake marang para kang lumawan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan