WULANG BEBASAN 3:9 - Kitab Sutji9 Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu; Faic an caibideil |
dene Imam Agung Azarya, tedhake Sang Zadhok, ngunjukake wangsulan mangkene: “Wiwit nalika pisungsung mligi punika kasaosaken dhateng ing padalemaning Pangeran Yehuwah, kawula sampun sami nedha ngantos tuwuk sanget, ewasamanten taksih tirah kathah sanget, amargi Sang Yehuwah sampun maringi berkah dhateng umatipun, satemah lajeng wonten tirahan ingkang samanten kathahipun punika.”
nuli bani Lewi kang ora oleh panduman tanah-pusaka kaya kowe iku, apadene wong bangsa liya kang neneka, anak yatim sarta randha kang ana ing panggonanmu, iku bakal padha mara lan mangan nganti wareg; iku supaya kowe diberkahana dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tumrap sakehe pagawean kang koktindakake.”