Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 3:7 - Kitab Sutji

7 Aja rumangsa pinter dhewe, wedi lan asiha marang Sang Yehuwah lan ngedohana piala,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 3:7
19 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur jumeneng saka ing jogan, siram lan ngagem lenga jebad sarta santun pangageman; panjenengane lumebet ing padalemane Sang Yehuwah lan sujud manembah. Sawuse iku banjur kondur menyang kraton lan mundhut roti nuli iya disaosi sarta banjur dhahar.


Nanging para bupati sadurunge aku iku padha ngebot-eboti sesanggane rakyat. Para bupati iku padha mundhuti kanggo roti lan anggur sadinane patang puluh sekel salaka; malah para andhahane padha meres rakyat. Nanging aku ora tumindak mangkono, amarga wedi marang Gusti Allah.


Ing tanah Us ana sawijining wong jenenge Ayub; Ayub iku jujur lan mursid tuwin ngabekti marang Gusti Allah sarta nyingkiri piala.


nanging marang manungsa pangandikane: Lah pangabekti marang Pangeran iku kawicaksanan sarta nyingkiri piala iku akal-budi.”


Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, awit rawuhe Gusti Allah iku arep nyoba kowe, lan supaya kowe padha duwea ering marang Panjenengane, aja nganti padha gawe dosa.”


Wong wicaksana iku ngati-ati lan nyingkiri piala, nanging wong gemblung nguja karepe sarta rumangsa tentrem.


Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sumbering urip, temah wong ora kena ing jireting pati.


Katresnan lan kasetyan iku njalari dosa kaapura, sarta wedi-asih marang Sang Yehuwah iku margane wong ngedohi piala.


Aja ngaya pangudimu supaya bisa dadi sugih, tinggalen karepmu kang mangkono iku;


Saupama kowe weruh wong kang rumangsa pinter, pangarep-arepe wong gemblung luwih akeh tinimbang wong iku mau.


Anggonmu mangsuli marang wong gemblung ngemperana kabodhoane, supaya wong iku aja nganti rumangsa wasis.


Wong sugih rumangsa pinter, nanging wong miskin kang mawa budi niteni wong sugih mau.


Sing sapa ngandelake atine dhewe iku wong bodho, nanging wong kang lakune klawan kawicaksanan bakal slamet.


Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala, Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala, apadene cangkem kang kebak cidra.


Wasana minangka pungkasane kang kapireng yaiku: wedia marang Gusti Allah lan netepana pepaken-pepakene, awit iki kuwajibane saben wong.


Bilai para wong kang nganggep awake dhewe wicaksana, kang nganggep awake dhewe pinter!


Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe, karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki: Bangsa Israel iku salong padha mangkotake atine nganti lumebune bangsa-bangsa liyane saganepe.


Ditunggal ati ing sajroning pitepungan; aja ngarah marang kang dhuwur-dhuwur, nanging padha ngudia marang kang prasaja. Aja kuminter!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan