Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 3:6 - Kitab Sutji

6 Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane, temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 3:6
27 Iomraidhean Croise  

Anadene sira, putraningsun Suleman, sira diwanuh kalawan Gusti Allahe ramanira lan ngabektia marang Panjenengane kalawan tulus eklas lan legawaning ati, awit Pangeran Yehuwah iku niti priksa sakehing ati tuwin nguningani sakehing kekarepan lan idham-idhaman. Manawa sira ngupaya marang Panjenengane, Panjenengane rena manawa sira sowani, nanging manawa sira ninggal Panjenengane, sira bakal kabuwang ing salawase.


Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhur kita, kang kanthi mangkono wus karsa ngebahake panggalihe Sang Prabu, satemah panjenengane banjur damel edi endahe padalemane Sang Yehuwah kang ana ing Yerusalem,


Dhuh Gusti Allah, talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonganipun abdi Paduka saha pandonganipun para kawula Paduka ingkang kanthi eklasing manah ngabekti dhateng asma Paduka, saha abdi Paduka mugi Paduka angsalna damel ing dinten punika saha manggiha sihpiwelasipun tiyang punika.” Ing wektu samana aku dadi juru pangunjukane Sang Prabu.


Pangandikane Sang Prabu marang aku: “Yen mangkono apa kang dadi panyuwunira?” Ing kono aku ndedonga marang Gusti Allahe saindenging langit,


Gusti Allahku tumuli ngosikake atiku supaya aku nglumpukake para pemimpin lan para panggedhe kang padha nyekel pangwasa lan rakyat, supaya padha kacathetana ing sarasilah. Aku banjur nemu layang sarasilahe wong kang wus luwih dhisik anggone mulih. Ing sajroning cathetan iku tinemu pratelan kaya ing ngisor iki:


Aku arep mulang marang kowe, dakweruhake dalan kang wajib kokambah; aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe.


Dalane wong mursid dirata dening kabenerane, nanging wong duraka tiba marga saka durakane.


Sakehing panggawemu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah sakehe rancanganmu bakal kelakon.


Atine manungsa ngrasak-rasakake dalane, nanging Pangeran Yehuwah kang ngenerake lakune.


Atimu aja meri marang para wong dosa, nanging tansah mantepa anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah.


Marginipun tiyang leres punika lurus, amargi Paduka ingkang miwiti nglencengaken marginipun.


sarta kupingmu bakal krungu saka ing burimu pitembungan mangkene: “Iki dalane, lumakua ing kene,” embuh kowe lumaku manengen apa mangiwa.


Iya Ingsun iki kang ngobahake Koresy kalawan karsaningSun arep paring kaslametan, tuwin Ingsun bakal ngrata dalane kabeh; iya dheweke iku kang bakal mbangun kuthaningSun, sarta kang bakal ngluwari para wongingSun kang padha ana ing pambuwangan, tanpa bayaran lan tanpa besel,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maedahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.


Dhuh Sang Yehuwah, kawula mangretos, bilih manungsa punika boten gadhah pangwaos netepaken marginipun piyambak, lan tiyang ingkang andon lampah boten gadhah pangwaos netepaken jangkahipun.


Mugi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, nyumerepaken dhateng kula sadaya, margi pundi ingkang kedah kula langkungi lan punapa ingkang kedah kula lampahi.”


Terkadhang megane mau mung sawatara dina ana ing sadhuwure Tarub Suci; ing kono anggone padha lereb iku marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, lan anggone budhalan iya marga saka dhawuhe Sang Yehuwah.


Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.


Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atine Titus ing bab anggone mbiyantu kowe,


Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.


Lan sadhengah apa kang koktindakake kalawan tembung utawa kalawan panggawe, iku kabeh lakonana atas asmane Gusti Yesus, kambia saos sokur marang Gusti Allah, Rama kita lumantar Panjenengane.


lan sadhengah apa kang koktindakake iku tindakna kalawan terus ing batin kayadene kagem Gusti, ora kanggo manungsa.


Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.


Sang Dawud banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mbujeng grombolan punika? Punapa kawula saged nututi?” Lan Panjenengane ngandika marang Sang Dawud: “Burunen, awit sira mesthi bakal bisa nututi wong-wong iku lan ngluwari para kang padha katawan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan