Kowe menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan nganti-antia marang Sang Yehuwah, aja nepsu marga wong kang sekolehan uripe, sarta marga saka wong kang nglakoni culika.
Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”
Dhuh Sang Yehuwah, kawula mangretos, bilih manungsa punika boten gadhah pangwaos netepaken marginipun piyambak, lan tiyang ingkang andon lampah boten gadhah pangwaos netepaken jangkahipun.
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Wong kang wicaksana aja ngendel-endelake kawicaksanane, wong rosa aja mamerake karosane, wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane;
Terkadhang megane mau mung sawatara dina ana ing sadhuwure Tarub Suci; ing kono anggone padha lereb iku marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, lan anggone budhalan iya marga saka dhawuhe Sang Yehuwah.
Mangkono maneh manawa megane anggone mandheg ana ing sadhuwure Tarub Suci iku nganti rong dina, utawa nganti sesasi utawa luwih, wong Israel iya tetep lereb, ora budhal; nanging samangsa megane mumbul, banjur lagi padha budhal.