Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 3:3 - Kitab Sutji

3 Katresnan lan kasetyan muga aja nganti ninggal kowe, iku kalungna ing gulumu, catheten ana ing papaning atimu;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 3:3
23 Iomraidhean Croise  

Lagi dhek wingi anggonira teka, apa iya ing dina iki ingsun ngajak sira nglembara, mangka ingsun kapeksa lunga saparan-paran. Wis muliha karo para sadulurira, muga-muga Sang Yehuwah paring sihkadarman lan kasetyan marang sira.”


Janji Paduka kawula simpen ing salebeting manah, supados kawula sampun ngantos damel dosa dhumateng Paduka.


Kabeh margining Yehuwah iku katresnan, kasetyan lan kabeneran tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete.


Sanyata, karaharjan kang saka ing Pangeran iku cepak tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengane, satemah nagara kita kadunungan kamulyan.


Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.


Ing kono Pangeran Yehuwah banjur tindak langkung ngarepe sarta nguwuh-uwuh: “Yehuwah, Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane,


marga oncen-oncen kembang kang endah iku kanggo sirahmu, sarta kalung kanggo gulumu.


Apa wong kang ngrantam-rantam piala iku dudu wong nasar? Nanging kang ngrancang kabecikan iku nampani sih lan kasetyan.


Katresnan lan kasetyan iku njalari dosa kaapura, sarta wedi-asih marang Sang Yehuwah iku margane wong ngedohi piala.


Kang ngayomi ratu iku sih lan kasetyan, lan klawan sih anggone nyantosakake dhampare.


Iku kabeh tansah kumanthila ana ing atimu, lan kalungna ing gulumu.


Talenana kabeh iku ing drijimu, sarta tulisana ana ing papaning atimu.


“Dosane Yehuda iku wus tinulisan kalawan pen wesi, kang lancipe inten, ingukir ana ing papaning atine lan ana ing sungu-sunguning misbyahe


He wong Israel, padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, awit Sang Yehuwah kagungan prakara karo wong isine nagara kene, marga ora ana kasetyan lan ora ana katresnan marang Allah, sarta ora ana kang wanuh marang Gusti Allah ing nagara kene.


Awit cangkeme isi piwulang kang bener lan ing lambene ora tinemu kaculikan. Salakune ana ing patunggilaningSun klawan tentrem-rahayu lan kajujuran, sarta akeh wong kang diundurake saka ing dosa.


Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake.


Awit wus tetela, manawa kowe iku layange Sang Kristus, kang daktulis ing sajrone aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipat gesang, dudu ing papan watu, nanging ing papan daging, yaiku ing atine manungsa.


marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan lan kaadilan lan kabeneran,


Sarta maneh padha talenana ing tanganmu minangka pratandha, lan dadia tenger pangeling-eling ana ing bathukmu,


sabab sawuse Panjenengane ngandika: “Iki prajanjian kang bakal Sunanakake karo wong-wong iku, sawuse wektu iku,” Panjenengane banjur ngandika maneh: “Ingsun bakal maringi angger-anggeringSun ana ing atine, sarta Sunserat ana ing budine,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan