Lan manawa lakunira metu ing dalan kang Suntedahake lan lestari manut sakehing katetepan lan parentahingSun, padha kaya ramanira Dawud, Ingsun bakal paring tambahing umurira.”
Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowe kabeh sagunging kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya kowe padha sugiha pangarep-arep marga saka sawabe Sang Roh Suci.
supaya dawaa umurmu lan umure anak-anakmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu, yen bakal kaparingake, sasuwene langit mayungi bumi.
Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen.
Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.