Tangia, tangia, ngadega, he Yerusalem, he kowe kang wus ngombe saka ing astane Sang Yehuwah isining tuwung mulad-mulading bebendhune, kowe kang wus ngombe nganti entek isining cangkir kang mendemi!
Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.
UmatingSun sirna marga ora wanuh marang Allah, amarga sira kang emoh wanuh, mulane sira Suntampik dadi imamingSun, lan sarehne sira iku ngungkurake piwulange Gusti Allahira, mulane Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira.
Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe.
Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.
Sira ngajenana bapa-biyungira, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah Allahira, maran sira, supaya dawaa umurira lan supaya diganjara slamet ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.
Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”
“Sakehe pepakon, kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha lestari urip lan tangkar-tumangkar, sarta padha bisa lumebu sarta ngejegi nagara kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu.