Nepsune kenaa ing ipat-ipat, awitdene nepsune iku kebangeten, kenaa ing ipat-ipat brangasane, awitdene iku siya-siya. Padha arep dakpencar ana ing antarane bani Yakub lan daksebar ana ing antarane turune Israel.
Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar luwih dening banget bendune sarta santun pasuryane tumrap Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego; banjur dhawuh, supaya panasing pawon katikelake pitu katimbang karo kang lumrah,
Bareng kuldine weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, banjur ndheprok isih katunggangan dening Bileam. Bileam nepsu banget, nganti kuldine digebugi klawan tekene.
Aja kaya Kain, kang asale saka ing pangawak dursila sarta mateni sadulure. Lan apa sababe anggone mateni iku? Amarga sakabehing panggawene ala, lan panggawene adhine becik.