Pangandikane Sang Prabu Yehu: “Ayo aku dherekna, supaya kowe nyumurupi anggonku kalawan mempeng tumindak kagem Sang Yehuwah.” Dadine Sang Prabu Yehu kadherekake Yonadab ana ing titihane kreta.
Pancen aku padha ora wani nggolongake utawa nandhing awakku karo wong-wong kang ngalem awake dhewe. Wong iku ngukur awake nganggo ukurane dhewe lan nandhing awake mung karo awake dhewe. Bodho banget wong iku!
Aku wus dadi tanpa budi temenan, nanging kowe kang padha meksa marang aku. Benere aku kokalembana. Awit sanadyan aku ora ana tegese babar pisan, nanging ing samubarang kabeh aku ora kalah karo para rasul kang pinunjul iku.